Contoh Cerita Bahasa Jawa Singkat, Sinopsis, Ringkasan Cerita "Kunarpa Tan Bisa Kandha" (OBRAL TUGAS)


Sedikit cerita, kakakku ini beli buku fiksi yang isinya pake Bahasa Jawa full "Kunarpa Tan Bisa Kandha" dan berusaha mati-matian ngebaca buku tebal itu (gak tebel jugasih, tapi kan gedek juga baca buku bahasa jawa ratusan halaman...) buat dijadiin sinopsis. Oya ada unsur intrinsiknya juga. jadi sebelum copas sekarang kalian dalem ati bilang makasih dulu deh ke kakakku yang satu ini xD

***


Kunarpa Tan Bisa Kandha
Ringkasane Cerita
Ing sawijining dina, eneng bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge Riris lan manik. Bocah telu kae sakben dinone ora iso akur. Mesthi ono wae perkorone. Nanging, nek pas bocah telu mau kerengan, ibune mesthi luwih mbela Pipin. Amarga Pipin kuwi anak kandunge, nanging Riris lan Manik kuwi anak tiri.
Pipin nganakake pesta tanggap warsa cara climen ing omahe, Jalan Suroyo Probolinggo. Lagi ramene pesta, ibune menyang jedhing, njerit, tiba krungkup, ketatap lingire kolah bathuke benjut, semaput. Digotong rame-rame menyang kamare. Banjur seda. Saka kedadean kuwi, para warga melu penasaran amarga prejayane Bu Sulun, ibune Pipin.
Banjur Detektip Handaka ditekakake. Dheweke nyelidhiki nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin amarga diprejaya. Sing mrejaya mesthi ya andher ing pestane Pipin. Nanging, kabeh uwong ana ing pestane Pipin ora ono sing ngaku. Malah podo ribut amarga melu khawatir. Bar kuwi, Pipin kelingan yen dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik. Detektip Handaka banjur marani boca loro kuwi mau ing ngomahe.
Esoke, pas arep dislidhiki, bocah loro kae malah dolang ing nggone kancane. Kabeh warga sing arep ndelok dadi ora iso melu ndelok. Banjur Detektip Handaka lunga dewe arep nylidhiki kuwi mau. Disetitekake Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, sajak ora susah ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwi mau, Detektip Handaka nyimpulake yen sing mrejayani Bu Sulun kuwi inggih menika anake tiri dewe, Riris lan Manik. Boca kae mau ngaku, dhwewke mrejayani Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwi mau dilebokake ing penjara amarga uwis mrejaya ibune dhewe.


Alur
Saking wacan kasebut, alure inggi menika alur maju.


Latar
1. Kahanan : Ana ing wacan kasebut, kahanane inggih menika ing omahe Pipin, omahe Riris lan Manik.
2. Wektu : Saking wacan kasebut, wektune inggih menika awan dina, lan esuk-esuk.


Tema : Tema saka wacanan ing dhuwur yaiku kejujuran.


Penokohan :
Pipin                           : watake apik, sayang kaliyan ibune.
Riris lan Mimin          : watake elek, nduweni rasa dendam marang wong tuwane dhewe.
Bu Sulun                     : pilih kasih, mesthi wae mbela Pipin.


Amanat
Saking wacan kasebut, kita mboten pareng nduweni rasa dendam marang wong liya, apameneh marang wong tuwa. Wong tuwa kuwising wis ngopeni kowe, dadi kita kedah kurmat marang wong tuwa.


***

Maaf kalau ini nggak sesuai sama yang kalian cari.
Sing penting niatku apik yo gaes /sip

3 comments:



Happy Januar Rosemarlina said...

"MAKASIH KAK DITA ATAS TUGASNYAAA!"

:)

Unknown said...

Siapapun yang nge-posting post ini Makasih banget ya, ngebantu banget, cocok sm novel yg aku beli:3 sbg tanda terima kasih udah aku follow twittermu @iputr ;;) hihi sukses ya!

Anonymous said...

Makasih banyak :>

Post a Comment